Latest quotes | Random quotes | Vote! | Latest comments | Submit quote

Muwuno (Javanese)

(Matsnawi, Kitab kaping gangsal 65-149)


Amarganing mego muwun, tetamaning sari mapaes
Amarganing muwunipun tetimur, pangudi wentah ngalir

Ing wancinipun tetimur mangertos, ngudakara
"Kawulo muwun amrih kinasih rumekso"

Lamun siro mangertoso bilih sang Kinasih jeng binothoro?
Mboten apeparing bilih sang timur tan amemuwun

Gusti angendiko, "Tansah muwuno"
Mirengno, pangudi wentah tansah ngaliri tetamaning sari

Tangisaning mego lan panasing srengenge
Pakuning bawono, hanyengkuyung kekalihe

Bilih sirnoning mego muwun lan srengenge panas
Kadyo pundi sakabehing rumekso

Kadyo pundi musim agegantos rasukan?
Bilih suryaning tangis kapedhot lan lingsir

Suryo ingkang ngobong lan mego ingkang muwun
Wohing gesang makantar-kantar

Sumelehno grahitoning siro awu kaobong
Den jeng netro ngalirke bening toya

Muwuno kadya lare alit, lamun siro dhahar roti siro
amargo roti rogo siro ngendhataken beningipun sukmo

Nalikaning rogo siro subur ron tetuwuhan
Dalunipun sukmo ngguguraken layuning ron

Suburing rogo injih kerontangipun sukmo
Cecaketa-ngguguraken rogo tuwuhaken sukmo

Silihno Gusti, silihono suburing rogomu
Tukerno mring taman sari kapaes sukmo

Aturno, sudanen panganan rogo siro
Tan gumilang suryo sukmo siro makantar-kantar

Naliko rogo ngedalaken sedoyo ingkang kotor
Gusti nglintokake sedoyo wewangian

poem by Report problemRelated quotes
Added by Poetry Lover
Comment! | Vote! | Copy!

Share
 
 
This text contains a mistake
This text is duplicate
The author of this text is another person
Another problem

More info, if necessary

Your name

Your e-mail

Search


Recent searches | Top searches